Unfinished Business Versiku Dewe
Tulisan sing iki ketoke emang kudu boso Jowo. Soale aku dewe yo bingung nek iki arep digawe boso Indonesia mergo mesti bosone bakal alay, malah ra ketok nek kuwi tulisanku hahaha. Kadang nek moco tulisanku sing nggae boso Indonesia malah ketok nek ndakik-ndakik, nek ra ngono malah ngetoki nek aku ualay hahaha. Ning, yo arep piye meneh ye te, aku tarah ra iso nggae kalimat sing apik ngono. Khususon tulisan sing iki, njajal tak nggae boso Jowo ae. Aku wonge ki uduk sing tipikal nyeritakne opo ae soal uripku, neh neh babagan tresno. Alah, alah, ambyar tenan aku soale. Aku ra berharap entok solusine, ning minimal ati iso rodok lego. Soyo mrene, aku malah ngeroso opinine konco-koncoku soal ‘Unifinished Business’ kuwi saiki mulai bener. Mergo ndisek aku tau cerito-cerito karo koncoku babagan kuwi. Koncoku, emang umure luweh tuwek kan aku, mangkane deke nyimpulne nek ‘Unifinished Business’ kuwi nyoto lan ngewenehi conto film sing judul ‘Ada Apa dengan Cinta 2.’ Aku ngeroso film sing dio...