Unfinished Business Versiku Dewe
Tulisan sing iki ketoke emang kudu boso Jowo. Soale aku dewe yo bingung nek iki arep digawe boso Indonesia mergo mesti bosone bakal alay, malah ra ketok nek kuwi tulisanku hahaha. Kadang nek moco tulisanku sing nggae boso Indonesia malah ketok nek ndakik-ndakik, nek ra ngono malah ngetoki nek aku ualay hahaha. Ning, yo arep piye meneh ye te, aku tarah ra iso nggae kalimat sing apik ngono. Khususon tulisan sing iki, njajal tak nggae boso Jowo ae.
Aku wonge ki
uduk sing tipikal nyeritakne opo ae soal uripku, neh neh babagan tresno. Alah,
alah, ambyar tenan aku soale. Aku ra berharap entok solusine, ning minimal ati
iso rodok lego.
Soyo mrene,
aku malah ngeroso opinine konco-koncoku soal ‘Unifinished Business’ kuwi saiki
mulai bener. Mergo ndisek aku tau cerito-cerito karo koncoku babagan kuwi.
Koncoku, emang umure luweh tuwek kan aku, mangkane deke nyimpulne nek ‘Unifinished
Business’ kuwi nyoto lan ngewenehi conto film sing judul ‘Ada Apa dengan Cinta
2.’
Aku ngeroso
film sing diomongi koncoku kuwi ora logis mergo bagiku ndisek nek wes bar, yo
bar. Ra enek neh ikatan, yo wes. Nek kono sing njalok bar, yo kudune emang wes
bar, ra usah digagas neh. Logis, menurutku. Nakoki alesan lan nyapone kuwi
malah sing marai masalahe ora ndang bar.
Saiki, kabeh
opiniku diwalik karo dunyo. Emang urip ning dunyo i marai ruwet hahaha. Pikiran
logisku diguyu karo dunyo mergo saiki aku mung pengen jawaban tekan cah wedok
sing tau tak sir nolak aku. Aku bakale nerimo, asal ngerti jawabane. Koyok, sek
enek ae sing ngeganjel ngono lo nek ujug-ujug wonge ngaleh utowo ngilang. Aku
kadang ngestalk i mung penasaran , jane nyapo to?
Aku ra
ngerti tulisan iki iso dipahami utowo ora. Aku yo bingung piye carane njelasne.
Pokok, intine, aku wes ra enek hubungan opo-opo karo wong iki mergo tarah wes
suwi kejadiane. Aku mung pengen ngerti
alesane tok. Mergo, nganti saiki aku sek ngebayangne wong kuwi. Mungkin bagine
deke hubungane wes bar, bagiku hubungane sek rung bar mergo mung sepihak tok
tanpo ngewenehi aku alesan sing jelas.
Wes ngono
ae, aku mung ngetokne uneg-uneg ben plong lan ben iso turu cepet.
Komentar
Posting Komentar